Sutar di kongkon neng ramane kon jujugna pesenan ayame Pak Dul sing lagi mbarang gawe neng desa sebalah . Gandeng nggone madan adoh trus esih neng nggunung si Sutar guli njujugna nganggo sepeda motor , ora klalaen si Sutar ya nggawa tulisan alamate Pak Dul wong genah daya ingete Sutar mandan alon dadi gampang kelalenan . Ayam ayame ora di jireti cekere mung di wadaih karung tru di boncengna neng mburi
Tapi dasar nasibe lagi apes ndean yoh , neng tengah dalan Sutar keblosok neng dalan sing rusak wong genah dalan neng ndesa trus esih nggunung ma ning .Motore rubuh trus ayame pada metu , dasare genah karong madan bolong amba iya , untunge baen si yah akeh wong sing weruh trus pada nulungi si Sutar .Ningen wong wong malah pada bingung ndelengna si Sutar bukane kelaraen apa trus menyat malah ngguyu ngguyu nganti kepoyuh
Trus ana wong sing Takon ; " geh koh si kenang apa wong tiba kang motor bukane lara malah ngguyu nggagrak nggagrak kaya kuwe sih /
Si Sutar bukane semaur malah tambah nggagrak guli ngguyune
malah ana wong sing ngemek batuke Sutar wedine
mbok ketempelan setan bar tiba kang motor
bar kuwe terus takon maning : " ko ora papa mbok ?"
Ora suwe trus Sutar ngadeg karo nyekeli dengkule trus semaur : " Lha rika apa ora weruh . kaeh delengna ayame kaeh pada keminter banget mbok , wong arep tek jujugna gone Pak Dul malah mlayu dewek dewek , lha wong alamate mbok kiyeh tek cekel neng , aku mesti pada kesasar kaeh ayame "
Karo ngguyu maning .
Banjuran warga sing arep nulungi pada bubar dhewek dhewek karo ngedumel : ' dasar cah gemblung !"
Home »
Guyon Banyumasan
» Ayam Sing Pada Keminter