Ceritane ana wong wis rumah tangga tapi sing lanang cemburuan banget, sewaktu ana tugas meng luar kota, men kepenak gulih ngawasi sing wadon, teruse sing lanang nduwe ide, waktu arep lunga deweke nggambar cecek nang ngisor wudele sing wadon, pokoke disemayani "ngger nganti gambar ceceke ilang berarti sing wadon mesti nembe selingkuh" sing wadon ya nurut baen gelem di gambari "tato" gambar cecek.
Singkat cerita wong genah sing wadon seneng selingkuh dadine gambare ya morat marit ilang ora karuan, lha kalingane bojone mendadak teka, terus cepet2 nggambar cecek ya sebisa2 ne anu gugup banget, sing penting ana gambare cecek, mbarang sing lanang bali trus mbukak kathoke sing wadon arep ngecek gambare cecek, kalingane tesih ana, sing lanang ya seneng benget trus sing wadon kur mesam mesem thok melu2 seneng.
Lha tapi ora let suwe sing lanang gotak "eeiittt mah kayane aku wingi gulih nggambar cecek madep ngisor deneng siki dadi malik madep nduwur..." Lha sing wadon ora nyana arep ditakone kaya kiye karo gugup langsung njawab "genah iy koh wingi madep ngisor tapi ceceke ora tahan karo ambune dadine malik dewek pindah madep nduwur" sing lanang kur kejet2 thok karo bingung nembe tumon deneng cecek ora tahan mambu trasi yah....