nahh sedulur kye nyong olih crita sekang kaki samidi. kepriwe critane mayuh ditiliki..
bagol,
bocah cilik umur 7th tapi KELALENAN banget nek mangkat sekolah mesti nek
ora bukune keri, sepatune ora dinggo. pulpene ilang, lah pokoke kelalenane pol .
pada suatu hari anggepe wes siap sekabehane persiapan mangkat sekolah
BAGOL: bapake nyong arep mangkat seklah pak.??
BAPAKE: iya wis nganah sing ati-ati, kuwe langka sing keri peralatan sekolaeh.?
BAGOL:
ora pak wis tek gawa kabeh.. nyong siki wis ora kelalenan ora pak. wis
pinter siki nyong. buku gambar. pulpen. sepatu. wis tekgawa. sepatu wis
tek nggo pak haha.. ya wis pamit pak asalamualaikum.?
BAPAKE:
ya sukur nek wis pinter tah, walaikum salam.. e, e, e, heeeee..
kathoke ndi kathokeee.?? di nggo disit katoke.. wong gep sekolah koh ora
katokan kaya kuwe jan.. oalah gusti pangampura.. duwe anak siji be klalenan banget..
Sumber : Guyon Banyumasan
Sumber : Guyon Banyumasan
0 komentar:
Posting Komentar