Kodok Bangkong : " Bekicot ko ngapa jane ngger maring nying koh sinis banget , nyong sih salah apa karo rikane ? "
Bekicot banjur mangsuli : " Dadi kaya kiye Dok , ko pada kuwe duwe sikil papat , ko pada ya bisa bebas mlupat nganah ngeneh , tapi jajal deleng nyong gyeh , maring ndi ndi kudu gawani umah sing abot trus malkune ya ngesot , intine kiye nyong iri karo ko pada ".Kodok Bangkong mangsuli maning: "Kabeh mahluk sing neng dunya kiye duwe beban dhewek dhewek , rika kuwe kur ndeleng nyong kiye kur seneng senenge thok , ora ngrasakna rekasane dadi nyong , kabeh kuwe sing wes di wei karo Gusti Alloh SWT kudu di syukuri ".
Ora suwe pas lagi dopokan trus ana manuk elang sing gede mabur neng nduwure kodok karo Bekicot . Saking kagete bekicot langsung umpetan neng jero ngumaeh , lha Si kodok ora sempet mlumpat soale manuke lewih banter guli nyamber .
Lha siki Bekicot tembe nyadari kenang apa dheweke kudu gawani umah nek lungan justru beban uamh kuwe malah anu kelewihan sing di wei nang Gusti Alloh SWT ben bisa nylametna awake dhewek ,
Intine dadi wong urip kuwe kudu nrima tapi kudu tetep berusaha , ya mbok lah