Arane Pak Takim, guru matematika anyar sing nembe rong minggu kiye
pindah sekang sekolah liya. Wonge gedhe dhuwur , kumise mbaplang
sekepel-kepel kiwe tengen. Solah bawane kaya-kaya kepengin gagian
desenengi neng muride kabeh. Nggulih mulang ya sengaja sabar alonan,
ora galak kaya anggepane murid-murid pas weruh kumise
nalika nembeke dekenalna. Angger ana murid sing ora teyeng njawab
pitakone wulangan, Pak Takim ora duka ora bada-budu. Malah si murid
depereki detidokena apa lan kepriwe jawabane sing bener. Pokoke guru
sing siji kiye kepengin banget katon eman lan nggatekena aring muride.
Kaya sing agep tek critakena.
Dinane Setu. Wis dadi pekulinan, murid-murid lanang kelas telu angger
wayahe ngaso pada bal-balan neng halaman sekolah sing pancen madan
amba. Nganggo bal plastik. Rame banget. Mung dhasare ya anu megin
bocah, nggulih bal-balan ya ora temata kayadene bocah-bocah sing lewih
kaplak. Anane ya pada regadag-regidig ngrubuti bal siji. Bale ngetan,
ngetan kabeh. Bale ngulon, ngulon kabeh. Kayane ya ora kabeh pada
kebagian wis nendang bal. Sing genah ya kabeh pada katon seneng nggulih
bal-balan.
Pak Takim weruh bocah siji sing ora kaya batire pada melu ngudag-udag
bal.
Gumun tur deweke kepengin katon dadi guru sing nggatekena muride,
Pak Takim mereki si bocah kuwe mau.
“Geh, sapa arane ko?” Pak Takim takon. Pancen deweke urung patiya apal aring aran-arane muride kabeh.
“Nalim, Pak Guru” bocahe semaur karo anthuk.
“Ko agi lara yah? Mumet apa?” Pak Takim takon maning kambi ngemek bathuke Nalim.
“Mboten, Pak Guru” semuare Nalim cindekan. Pancen umume murid-murid
kuwe angger detakoni gurune ya madan katon wigah-wigih wedi mbok nganti
ana salahe. Dadi ya angger semaur ora gadhang dawa-dawa.
“Apa ko mau mangkate urung sarapan? Ko kencoten apa?”
“Nggih, eh..mboten Pak Guru. Kula mpun sarapan wau.” Nalim semaur madan katon bingung.
“Lah, sih kepriwen. Mumet ora, kencoten ya ora. Deneng sih ko ora melu batir-batire?”
“Tumut batire pripun, Pak Guru?”
“Kae..sing agi pada dolanan bal. Kabeh pada ngudag-udag bal, rebutan
nendang. Deneng sih ko ora melu? Apa ko ora deseng neng batir-batirmu?
Ko ora agi pada tukaran, mbok?”
“Mboten, Pak Guru. Mboten. Kula mboten tukaran” Nalim tambah ndledgheg derani agi tukaran.
“Apa iya? Terus kenangapa ko ora melu batir-batirmu kae?”
“Nggih niki kula tumut, Pak Guru”
“Melu kepriwe? Genah ko neng kene baen awit mau, koh. Aja nglomboni, ko!”
“Estu, Pak Guru. Kula niki tumut dolanan.”
“Tumut-tumut kepriwe. Angger melu tolih ko nden kaya liyane.
Mlayu-mlayu ngudagi bal. Ko wani nglomboni guru, yah?!” Pak Guru Takim
madan katon jengkele.
“Estu, Pak Guru. Kula niki nggih tumut dolanan. Kula mboten ngudag bal nika, kan kula niki dados kiper”
Klakep! Pak Guru Takim kamilegegen. Terus lunga ninggalna Nalim sing esih katon bingung.
Home »
Guyon Banyumasan
» Guru Eman Muride