Jarene flu hongkong kuwe flu sing ganas,
jalaran gampang nular maring sepada-pada
menungsa. Awake panas-atis, irunge mampet, ora doyan madhang, otot
balung padha nggregesi , ngilu tur linu . kuweh medeni mbok ?
Ramane Guplo lagi kemrungsung jalaran anake uga wis kena penyakit flu hongkong, mulane terus nelpun dokter pribadine.
Ramane Guplo: Dokter, anake inyong si Guplo wis kena flu hongkong..
Dokter:
Iya, nyong wis ngerti. Mau esuk wis tek weneih obat flu sing mandi pol.
Si Guplo kudu dipisah kambi kabeh anggota kluwarga ben ora nular maring
wong seumah..
Ramane guplo: Tapi, dokter. (kemrungsung kambi bingung) Guplo wis ngambung si Iyem pembantune inyong.
Dokter: Wah, gawat, nek kaya kuwe, si Iyem ya kudu dikarantina. Kudu dipisah.
Ramane guplo: Tapi dokter, inyong uga wis ngambung si Iyem.
Dokter: Wuah kiye tambah ruwet kiye . Brarti rika nduwe potensi nyimpen bibit flu hongkong
Ramane guplo: Cilakane maning dokter. Inyong ya wis ngambung bojoku!!!
Dokter:
Wadhuh.... cilaka temenan kiye.. (dokter grundelan dhewek) Nek kaya
kuwe nyong uga wis ketularan flu hongkong kiye tah.!!! (nu mau redot
ngambungi bojone ramane guplo)
hehehehehhehhehehehehehe
Sumber : Guyonan Banyumasan
Home »
Guyon Banyumasan
» Flu Hongkong